kami hanya ingin mengajak anda menari bersama angin dan bersama-sama menjadi dewasa sehingga bisa memaknai hidup ini ............ berbagi bacaan untuk menambah kedewasaan
Minggu, 14 November 2010
Stasiun
Mung panggonan kuwi kang tak tuju nalika atiku sumpeg lan judheg kaya saiki iki. Judheg merga urip kang tansaya abot. Sumpeg mikirake nasibku lan simbok. Ora tak paelu panase baskara lan bledug mangsa ketiga. Aku mung pengin atiku adhem lan sedhela nglalekake sanggan urip. Aku mung pengin nyenengake atiku. Mlayu sedhela saka reribet kang kaya-kaya ora ana enteke nggubet marang nasibku.
Patang kilo tak lakoni sarana ngepit. Nalika tekan, pit tuwa kuwi tak sendhekake wit keres ing ngarep plataran. Ora lali aku nyaut botol plastik isi banyu kang tak gawa saka ngomah. Alon angin ngobahake godhong-godhong keres kaya mbagekake tekaku. Mung ana tukang-tukang becak kang lagi nganthuk-nganthuk ing dhuwur becake. Kanthi alon aku munggah tlundakan nuli nglungguhake bokongku ing bangku peron.
Kringet-kringet kang dleweran ing geger lan raiku wiwit atus. Saka arah wetan stasiun kathon pari-pari kang mrantak kuning, kang sedhela maneh bakal panen. Manuk-manuk emprit mudhun lan ngombe ing sapinggire kali kang banyune wis meh asat kuwi.
Aku mung ijen, kahanan sepi. Loket uga tutup. Kang mandheg ana stasiun kene mung sepur-sepur kluthuk, kuwi bae arang banget. Wangune stasiun ora ana owah-owahan babar pisan, kaya nalika sapisanan kabangun. Mung tembok lan bangkune kang katone saben taun dilabur lan dicet. Stasiun iki katon tuwa lan pengkuh. Kaya-kaya menehi panantang marang udan, panas lan angin kanggo ngrubuhake.
Aku unjal ambegan dawa nuli ngombe banyu kang takgawa. Mung stasiun iki kang gelem ngrungokake crita-critane atiku, uga menehi pangayoman nalika aku sumpeg lan judheg. Mung stasiun iki kang kuwawa menehi pangarep-arep nalika aku pepes ora duwe pangarep-arep maneh. Nanging uga ana ing stasiun iki aku kelangan sedulur-sedulurku kang nganthi saiki ora tau takweruhi pawartane. Ing stasiun iki bungah lan susah, esem lan tangis, lunga lan teka, sapetemon lan pepisahan, uga pengarep-arep lan ati kang pepes kabaur dadi siji. Angin lan sepi njalari aku kelingan sakabehe kedadeyan kang wis mungkur.
Simbahku kepetung wong kang sugih ing desaku nalika kuwi. Blantik Sapi, sawahe uga amba, buruhe pirang-pirang. Simbokku anak wadon otang-anting pisan. Apa wae sing dikarepake prasasat bisa kaleksanan. Nalika semana wong liya mangan sega wae angel kaleksanan, bisane mangan jagung, uwi, gembili, tela lan kadhangkala gedhang kang isih ijo uga digodhog, ning kanggone simbok ora.
Nalika kuwi wong liya ora kenal lelungan, ning simbok bisa ngendhi-ngendhi mawa dokar, nganthi tekan Sala lan Jogja. Mung emane simbok ora sekolah. Saliyane sekolahane kuwi panggonane adoh, nalika semana pancen isih arang banget anane bocah sekolah. Simbok banjur dinikahake oleh Pak- kang melu simbah wiwit cilik amarga ora duwe sanak kadang. Simbah isih sugeng nalika simbok nglairake Kang Kardi, anak kang nomer telu lan uripe simbok durung ana owah-owahan. Njur simbah seda. Pak uga seda nalika aku lagi umur wetara telung wulan.
Wiwit kuwi bandha warisan saka simbah sithik mbaka sithik kalong kanggo urip saben dinane. Kawit cilik simbok kang ora tau nandangi penggaweyan dhewe kuwi angel banget ngowahi adate. Ora gelem nyandhang yen ora becik, ora doyan mangan yen ora enak. Kakang-kakangku uga kaya ngono. Wong-wong kang dipercaya lan dipasrahi sapi uga sawah, siji mbaka siji wiwit ngapusi lan nyolong. Kakang-kakangku kang nalika kuwi wis dewasa uga ora ngerti carane tani lan ngopeni sapi. Luwih cilaka maneh ora ana kang sekolah babar pisan. Amarga bandha kang luwih-luwih nalika kuwi, njalari kakang-kakangku ora gelem sekolah lan kerjo abot, anane mung seneng-seneng wae. Sidane ora suwe bandha tinggalan kuwi gusis. Sawah-sawah kadol, uga sapi. Kang isih mung kari omah lan pekarangan kang ora pati jembar. Aku tamat SD nalika kuwi.
Ing wengi-wengi kang sepi simbok asring banget crita jaman-jaman kang kawuri--nalika simbah isih sugeng--kaya-kaya nggetuni apa kang wis mungkur. Kang njalari aku anyel, simbok ndadekake aku minangka jalaran sakabehing kedadeyan iki. Amarga aku -- anak ragil, lair wadon. Simbok duwe kapitayan menawa anak mbarep lanang yen katutup anak ragil lanang bakal njalari bandha tambah-tambah. Nanging yen anak mbarep lanang katutup anak ragil wadon, ngalamat bandha kang diduweni bakal susut kanthi cepet. Kamangka aku iya asring krungu klesak-klesike tangga-tanggaku yen sugihe simbah biyen ora lamba. Ora liwat dalan kang lumprah. Mula, ora aneh menawa anak-turune ora bisa nerusake--sasurute simbah--bakal kecingkrangan uripe. Amarga rejeki anak-turune wis dijaluk dhisik, nalika simbah isih sugeng. Bener apa ora kabeh kuwi aku dhewe ora mudheng.
Apa wae kang taklakoni, dening simbok mesthi dianggep kleru. Luput. Ora tau ana benere babar pisan. Ora tau bisa mranani atine. Bisaku ya mung meneng. Paling banter nangis. Simbok penggawayane saben dina ngunen-uneni aku. Kadhang aku rumangsa nelangsa banget lan tuwuh pepinginan lampus diri wae. Sujune aku isih eling menawa penggaweyan ngono kuwi ora bener lan ora diparengake dening Gusti Allah. Bisaku mung nrima lan nampa sakabehe pacoban mau.
Kakang-kakangku mburuhake tenagane marang wong-wong kang mbutuhake tenaga kanggo nggarap sawah, kadhang uga dadi kuli bangunan kanggo nyambung urip saben dinane. Simbok meksa durung bisa ngowahi adate, isih durung bisa nampa kahanan kang ana. Yen mangan, yen ora enak lan ora ana lawuhe ora gelem. Iki kang njalari pira wae dhuwit kang diwenehake kakang-kakangku marang simbok ora tau bisa nutupi butuh, malah kepara isih kurang-kurang.
Terus, wiwitane Kang Soleh kang metu saka ngomah, lunga bara menyang kutha. Amarge nalika iku desa lagi nandhang paceklik, sawah-sawah akeh kang ora panen amarga padha kena ama. Saliyane kuwi reregan rabuk kang larang njalari para tani akeh kang rugi lan ora bisa nanduri sawahe. Dadine, akeh sawah kang bera.
Kang Soleh lan sawetara kancane kang bara menyang kutha mau budhale numpak sepur. Sawulan, rong wulan nganthi telung wulan Kang Soleh ora ana kabare. Kamangka kanca-kancane kang nalika semana budhal bareng, wis padha bali. Simbok ngakon kakang-kakangku liyane supaya takon kabare Kang Soleh marang kanca-kancane. Nanging kanca-kancane kuwi ora ana kang ngerthi, amarga pisah nalika ana kutha.
Kang Sarmo njur nyusul menyang kutha nggoleki Kang Soleh. Nanging padha wae, nganthi telung wulan bacute, iyo ora ana kabar kawusanane. Kang Nardi njur nyusul saperlu golek warta ing kutha. Saben minggu simbok mbengok-mbengok akon aku supaya menyang stasiun, sapa ngerthi kakang-kakangku ana kang bali. Aku kudu ngliwati dalan-dalan kang adohe watara patang kilometer saben minggu.
Wiwitane aku sregep, saben minggu methuk ana stasiun, nanging bareng wis ngancik watara telung wulan, atiku wiwit pepes, wis ora duwe pengare-arep maneh menawa kakang-kakangku bakal bali. Sasuwene iki aku kerja apawae supaya bisa kanggo nyambung uripku lan uripe simbok. Buruh resik-resik, buruh adang, buruh umbah-umbah lan uga buruh menyang sawah, kabeh taklakoni.
Mbah Guru Karso welas marang kahananku, wiwitane asring menehi beras utawa panganan, banjur ngutus aku supaya resik-resik lan ngewangi olah-olah, uga umbah-umbah ing daleme. Putra-putrane Mbah Guru kuwi wis gedhe-gedhe lan wis padha omah-omah, urip ing kutha. Ing daleme sing ana mung kari Mbah Guru lan garwane wae. Mula, aku sing asring diutus mrana-mrene. Ya lumayan, saben aku mulih dikongkon nggawa sega, lawuh lan janganan. Yen dibandhing kerja buruh ana ing sawah luwih entheng. Nadyan ya kesel, sing wigati bisa kanggo nyambung uripku lan simbok.
Dhek Bakda taun kepungkur putra-putrane Mbah Guru padha teka,ngumpul saliyane putra uga mantu lan putu. Daleme dadi regeng. Penggaweyan kang kudu takrampungake uga tansaya akeh. Nanging atiku seneng merga meh kabeh putra-putrane Mbah Guru padha menei aku dhuwit kanggo bakdan. Kabeh reruwete uripku rasane kaya ilang dina kuwi. Simbok tak tukokake bayak, jarit lan sandal.
Seminggu sabubare kuwi Mbah Guru nimbali aku. Pakaryan kang durung rampung, taktinggal. Ana rasa sumelang nalika aku sowan. Aku wedi yen nganthi didukani amarga penggaweanku ana kang kurang becik.
"Yem, kowe tak kon mrene amarga aku arep takon. Umpamane kowe ngenger Masmu Yanto ana kutha apa gelem? Amarga lanang-wadon padha kerja, kanggo resik-resik omah lan umbah-umbah, Masmu kae durung duwe rewang. Tak rasa kowe iki bisa mrantasi gawe. Sasuwene melu aku kowe ya bisa dipercaya. Gelem apa ora, Yem?" pandangune Mbah Guru.
Aku mung meneng wae. Kaget lan bingung kudu menehi wangsulan kang kepriye.
"Ana kana kowe ya bakal dikursusake yen kowe gelem. Ora usah mbok wangsuli saiki. Pikir-pikiren dhisik. Kapan kowe saguh bisa kandha," Mbah Guru mbacutake. Katone Mbah Guru kuwi pirsa menawa aku bingung. Aku banjur didhawuhi bali menyang mburi kanggo nutugake penggawaeyan kang durung rampung takayahi.
Mas Yatno kae, ketoke priyayine kok ya apik, ora beda adoh karo Mbah Guru, semono uga garwane. Mestine ora bakal sawiyah-wiyah marang liyan. Yen aku ngenger nyang kutha oleh-olehane dhuwit rak bisa luwih akeh. Kejaba kuwi aku bisa melu kursus. Ing bathin aku ya kepengin banget, nanging yen aku menyang kutha terus simbok kepriye? Simbok bakal kijenan. Njur sapa kang bakal ngurusi? Apa ya tegel aku ninggal simbok dhewekan? Aku jan bingung...
Swara sepur Brantas kang dumadakan liwat, ndadekake aku kaget. Sanalika kabeh angen-angen kuwi buyar. Sepur kuwi mung liwat, ora mandheg. Aku unjal ambegan dawa. Mbarengi swara sepur kang saya ngadoh, aku ngadheg, menyat saka anggonku lungguh ing bangku peron. Ngudhuni undhak-undhakan njur njupuk pit ana ngisor wit keres.
Ana tekad anyar tuwuh ing ati. Aku kudu wani ngowahi uripku. Aku bakal budhal menyang kutha. Melu Mas Yanto, putrane Mbah Guru Karso sing ragil, ngenger ana kana. Simbok tak kira bakal bisa nampa yen uneg-unegku iki tak blakakake. Karo maneh anggonku arep menyang kutha iki rak ora kanggo ngilang tanpa kabar kaya kakang-kakangku.
Tau Kababar ing Kalawarti Minggon Jaya Baya No.51 Minggu III / Agustus / 2006
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar