kami hanya ingin mengajak anda menari bersama angin dan bersama-sama menjadi dewasa sehingga bisa memaknai hidup ini ............ berbagi bacaan untuk menambah kedewasaan
Minggu, 14 November 2010
Peniti, Dom Lan Bolah
Dina iki dheweke kang kudu takundang bapak kuwi, nikah. Kabar kuwi keprungu samar, ing antaraning para karyawan. Aku banjur cepet-cepet menyang ruang kerja njupuk kunci mobil. Berkas- berkas kang kudune takrampugake katon numpuk ing dhuwur meja. Ora takpaelu praupanene Resti sekretarisku kang kebak pitakon. Takparani mobilku kang parkir ing plataran ngarep, lan ora let suwe wis mlebu ing padhete lalu lintas dalan gedhe.
Aku unjal ambegan landhung. Huh, dheweke pancen keparat, ora kena dibeciki, ora mari-mari anggone nggawe gendra, batinku. Ndisik aku duwe pangarep-arep menawa dheweke bakal owah tumindake kanthi mlakune wektu lan tambahe umur. Nyatane ora! Sasuwene iki aku nyoba sabar deleng lan nrima sakabehe tingkah-polahe, ning ora suda malah ndadra. Nyata menawa kawit mbiyen dheweke ora tau ngregani lan maelu sakabehe pangorbananku lan ibu. Nyata manungsa siji kuwi ora duwe isin!
Kanggoku, dheweke arep polah kaya ngapa wae, kuwi hake. Ning mbok iya isa njaga sithik wae pangrasane ibu. Babagan iki kang ndadekake aku muntab.
Ibu methuk tekaku ing teras omah kanthi pasuryan padhang. Ora taktemokake kanapson ana kana. Kaya ora ana kedadeyan apa-apa. Apa kaya ngene iki kang diarani bisa nata rasa?
"Din, lungguha," mgendikane ibu alus. Aku nurut. Lungguh ing kursi ruang tamu.
"Bu..."
"Ibu wis ngerthi. Bapakmu wis ngrembug bab kuwi sadurunge karo Ibu."
" Dados Ibu sampun sarujuk?" takonku rada seru. Ibu mung manthuk. Duh Gusti, pengin rasane aku mbengok sora, nyuntak sakabehe rasa ing atiku, ning aku ora kuwawa. Ombak rasa kang ora tumata wis ndadekake ilatku dumadakan kaku, kelangan wicara. Sabanjure aku apadene ibu keli ing iline sepi, udreg karo pikirane dhewe-dhewe.
"Din, apa barang kang nate takwenehake kowe kae, isih mbok simpen?"
Aku manthuk alon, njur menyat saka lungguhku, menyang kamar. Saka salah siji laci meja rias, takjupuk kotak cilik saka kayu werna coklat, takaturake ibu. Ibu nglebokkake sawijining barang kang aku ora ngerti apa kuwi, marang njero kothak, njur kothak diwenehake maneh marang aku.
"Ibu titip barang siji maneh, tak jaluk kowe isih gelem njaga lan nyimpen kanthi permati kanggoku". Mung kuwi ukara kang kawethu saka lathine ibu sing banjur menyat saka lenggahe. Ing ruang tamu aku dheleg-dheleg ijen.
MENAWA tak goleki ing antaraning tumpukan pangangen-angenku, ora bakal ana bab kang endah ngenani dheweke. Kawit cilik aku tansah wedi lan rumangsa ora kepenak saben-saben cedhak karo samubarang kang ana sambung-rapete karo dheweke. Swasana omah iya bakal owah nalika dheweke ana. Prentah, omelan, undhamana nganthi pisuhan ngebaki hawa. Durung maneh sawernaning barang dumadakan wae banjur malih dadi kewan abur-aburan, mabur ngebaki omah.
Kanggoku nalika kuwi, wektu rinasa ora lumaku. Tansah ana rasa wedi kang banget nujum pulung ati. Rasa kang tanpa sadar kagawa ing ngalam bawah sadarku, ndadekake aku kerep tangi ing tengahe wengi. Asring ing sajroning dongaku takjaluk supaya dheweke gelis mati. Emane, donga kuwi muspra. Wiwit kuwi aku gething banget marang dheweke.
Dina Bakda, nalika bocah-bocah cilik sapantaranku padha suka-parisuka, kanggoku dadi dina kang banget nyiksa. Aku kudu sungkem marang dheweke. Asring tuwuh pitakonan ing njero atiku, apa dosaku sajroning setaun marang dheweke? Babagan liya kang nyiksa, nalika aku lan ibu kudu ngampingi dheweke nemoni dhayoh-dhayoh kang teka unjung-unjung utawa sawalike. Ing wektu-wektu kang kaya ngono kuwi aku uga kudu bisa mainake sandiwara taunan saapik-apike.
Beda Karo Ibu. Ibu tansah sabar ngadhepi kabeh tingkah-polahe kang ala. Ora tau menggak lan nulak apa wae kang dijaluk. Ngrungokake sakabehing ukara kang ora patut. Ibu ora nate sambat apadene muwun. Ing panyawangku, Ibu dadi wong wadon kang banget aneh kang taktepungi ing sajroning uripku.
Embuh, apa penggaweyane aku ora tau ngerti. Sing takngerteni mung kluyuran, lan bali-bali nggawa gendra. Ibu tau crita yen dheweke dadi staf ing salah sijine pabrik. Embuh, apa kuwi mung ngapusi apa nyata, sing cetha saben wulan tansah njaluk dhiwit marang ibu.
Ana lan orane dheweke ing panguripanku lan ibu, kuwi ora pathi wigati. Ibu kang dadi ompak jejege panguripanku, kang ngadhepi galake panguripan. Kang nggulawentah lan nyukupi sakabehing kebutuhanku. Nganggo tetes-tetes kringete usaha kue kering kang kawitane cilik bisa ngrembaka. Pungkasane bisa adeg pabrik cilik ing iringan omah. Nalika kuwi aku ngancik kuliah.
Wong lanang kuwi metu saka kerjane--ngono kandhane--lan duwe karep ngrewangi nggedhekake usahane ibu. Angel kanggoku percaya, bisa uga amarga aku wedi kuciwa. Kegedhen pangarep-arep marang dheweke kang ora tau bisa diandelake kuwi. Aku ora sarujuk karo kersane ibu, ning ibu ora maelu.
Kang kadadeyan sabanjure ora adoh sungsate karo pandugaku. Dheweke nggawe rebeda. Perusahaan kang maune rancag dadi ajur-mumur. Aku medhot saka kuliahku, ngrewangi ibu nata pecahan-pecahan usahane. Sujune kahanan rada nyengkuyung. Dheweke terus arang-arang ana omah. Mung mulih kanggo njaluk dhuwit banjur lunga maneh. Apa dheweke isin? Mokal katone. Prayata mbutuhake wektu sawetara taun kanggo mbangun usahane ibu amrih jejeg maneh.
Dheweke saya arang bali. Kabare oleh penggaweyan ing sawijining kutha cilik, sawetara kilo adohe. Ketemuku kang pungkasan nalika keluwargaku kudu mainake sandiwara taunan kaya taun-taun kapungkur. Sabubare kuwi ora tau keprungu kabare, ning durung genep setahun banjur keprungu kabar yen dheweke rabi maneh kuwi.
PANGURIPANKU lan ibu bisa luwih jejeg nalika dheweke ora ana. Ning ana pitukonan kang kudu kabayar arupa dhuwit kiriman kanggo ongkos urip dheweke lan keluargane sing anyar. Lan babagan kuwi lagi takweruhi sawise setaun lumaku.
Dheweke teka bareng swara tebir. Ora dhewe. Ana wong wadon siji lan prawan loro kang ngancani. Saka ibu aku ngerti menawa kuwi boja lan anak kuwalone. Panampane ibu apik lan sumanak kanthi pasuryan padhang.
Sawetara dina kepungkur dheweke teka methuki ibu. Aku ora ngerti apa kang dirembug. Nganthi sawijining dina taktemokake buku tabungane ibu. Bareng takbukak, jebul ana pengalihan dana kang kepethung gedhe. Lan ing sawijing sore nalika nakokake bab kuwi, ibu mendhel rada suwe, sadurunge akhire njlentrehake babagan kuwi. Ngendikane ibu, dhuwit kuwi kanggo ngragadi kuliahe anak-anak kuwalone.
Pisan iki kanepsonku kaya wis ora bisa takempet maneh. Wis dadi tekadku aku emoh maelu kabeh babagan iki. Nalika ibu nitipake barang maneh uga taktolak lan takbalekake kabeh barang titipane kang ana njero kothak kayu kuwi.
KEPRUNGU swarane wong nothok lawang alon saka njaba. Lawang takbukak. Ibu wis ana ing nggarepku.
"Din, ana kang arep takcritakake marang kowe. Bisa aku mlebu?"
Ibu mundhut kursi njur lenggah ing ngarepku, miwiti critane.
"Wiwit biyen, wong tuwaku lan wong tuwane bapakmu pancen ora sarujuk aku lan bapakmu nikah. Amarga ana wewaler nikah antar suku. Yen diterak jare ana bebendune selawase urip. Dipanegara kapikut Kompeni biyen jarene uga amarga nerak wewaler kuwi. Nanging sing diarani rasa kuwi ora kena diarah playune. Lan tresna ora bisa dimangerteni lan dirancang sadurunge. Aku lan bapakmu nalika kuwi isih padha taruna. Mula wani nerak wewaler merga mung tak anggep takhayul. Akibate aku dibuang keluwargaku, semono uga bapakmu. Aku sakloron banjur pindah menyang kutha iki kanggo miwiti panguripan anyar kang dadi pilihanku apadene bapakmu...", ibu mandheg sedhela, njur nerusake critane :
"Tibane mbangun impen urip kuwi ora gampang. Kawitane uripku lan bapakmu abot banget. Luwih-luwih kanggone bapakmu, minangka anak kang paling ditresnani lan lanang dhewe ing keluargane, kang kulina samubarang wis cumepak. Ing keluwargane kabeh tansah ngalah marang dheweke lan ora tau ngrasakake rekasa. Kabeh kuwi ndadekake bapakmu banget kasiksa, lan tansaya babak-bundhas. Apamaneh nalika ibu kang dadi cagak panguripane tangkepe uga wiwit owah. Maune sopan, alus lan apik malik dadi kasar. Aku maune uga tau nyalahake awakku dhewe merga wis nibakake pilihan kang kliru, nikah karo dheweke. Ning banjur aku sadar, yen kabeh mau kasep umpama digetunana. Wong lanang kuwi pilihanku dhewe, ora ana kang meksa aku nalika kuwi. Panguripan terus lumaku, aku kudu wani ngliwati dalan-dalane nadyan kebak eri landhep kang natoni sikil lan atiku. Aku kudu ngiwati dalan-dalan kuwi nganthi purna nadyan kebak supata..."
"Kenging menapa kedah nglampahi sedaya menika? Ibu saged nyuwun pegat kemawon, supados sedaya menika mungkur," protesku marang ibu.
"Dini, kabeh iki taklakoni kanggo kowe lan prinsipku. Kowe kang sasuwene iki ndadekake ibu kuwat. Aku uga ora pengin dina ngarepmu bakal ajur. Saliyane kuwi aku nduweni prinsip menawa nikah kuwi pisan kanggo salawase urip, nganthi siji mati anut takdire. Antaraning bojo kudu tansah ana kasetyan, ora laku sedheng. Nadyan kapercayan kuwi wis diajurake dening bapakmu, ning aku tetep nyoba ngugemi. Masyarakat isih nganggep wanita ngono warga nomer loro ing pranatan sosiale. Umpama pegatan dudu babagan ekonomi kang dadi sanggan abot kanggoku, ning panganggepe masyarakat. Merga dosa gampang tumiba ing anggane wanita, luwih-luwih yen randha. Aku ibarate mung iwak lan masyarakat minangka banyune. Mokal uripku bisa luwar saka banyu, nadyan kaya apa wae butheke banyu kuwi..."
Sepisan maneh ibu mandheg anggone crita, netrane kebak eluh. Sawise ngusapiu eluh lan nata ati, saka sake ngetokake kothak kayu cilik kang tau dititipkake marang aku. Dibukak, isine disuntak ing ngarepku. Ana peniti, dom lan bolah.
"Kanggoku, urip iki kayadene kain. Aku nyoba ngepasake kain nalika longgar supaya kapenak dienggo, pas ing awak ngganggo peniti. Nalika kain kuwi jaitane ana kang pedhot lan kudu didadekake siji maneh, tak gunakkake dom lan bolah. Bola-bali dom nujep marang kain, jaitane tansaya luwih rapet lan kuwat..."
Tak pandeng ibu kebak pitakon. Aku isih durung bisa ngerthi kepriye cara mikire ibuku, wong wadon kang paling aneh sanjroning uripku.
Embuh, apa merga aku kang bodho utawa ibu kang banget naif...?!
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar