Saka crita-critane para siswa bisa takmangerteni mula buka dumadine desa ana tengah alas kuwi, desa kang ngadheg--kawangun ana dhuwure landep supata. Desa kang kababat dening sawijining wanita kang katundhung saka desa asale amarga ngandheg jejember kang banget ala, ngandheg tan ana garwa. Jejember kang banget ngisin-ngisinake sakabehing wong desane. Jejember kang karasa bakal ngucemake lan nular marang wanita-wanita liyane.
Ing tengahe alas kang sepi wanita kanthi nista mbacutake urip lan ngedhekake anak-anake. Nancepkake lan nanduri lemah-lemah alas kanthi tugelan-tugelan nista lan sengsara, tansah utun nyirami tandurane kanthi bening banyu supatane, supata menawa ora bakal ana wong lanang kang bisa nduweni umur dawa ana kana. Tanpa leren lan krasa kesel dheweke tansah ngrumat tandurane, ngrumat lan ngrembakakake kesumat kang tan kendhat.
Setan banjur ngadheg ana mburine, nyengkuyung kabeh tingkahe. Menehi panyurung uga gelem dadi gurune. Wong wadhon kuwi pungkasane mati moksa, kanthi ati kebak pitakon ngenani ora adile ndonya. Anak turune kang nerusake iline supata, urip ana desa kang ora bisa ngadheg klawan jejeg ing tengahing alas.
Desa kang banget mlarat, mung ana bocah-bocah cilik wadhon kanthi praupan kumul mawa umbel.Saking mlarate wong-wong ing kana nganthi mung bisa mangan lemah kang dibakar lan lalapan ijo gegodhongan alas. Mataun-taun kabeh rancag lumaku, wong-wong ana kana sempoyongan napaki jangkahing urip kaya wong mendem.
Ora ana siji-sijia wong saka njaba alas kang menehi pitulungan, ora wani mlebu amarga wedi landhepe supata. Wedi ketularan dening kanistan lan kasengsaran kang banget kandhel ngambang ana sakduwure desa kuwi. Dadine wong-wong saka desa njaba alas nyoba nglalekake, nutup rapet-rapet mripat lan lawang-lawang kang ana njero atine. Lan njur ngganggep kabeh kuwi dumadi saka karma, woh kang kaasilake saka legine dosa.
Nanging kabeh dadi malik-grembyang nalika ana sawijining wanita--kang ora dimangerteni saka ngendhi asale--teka ana kana. Wong-wong saka desa--kang dununge ana njaba alas--mung kelingan menawa nalika teka wong wadhon kuwi dikanthi arum ganda kembang kenanga, nanging ora bisa kaweruhan piye praupane.
Wong wadhon kuwi kang ajar carane dadi uler, caranememangan ijone gegodhongan alas marang wong-wong wadhon kang manggon ing desa kang dununge ana tengah alas. Ajar carane ngenam serat saka kulit-kulit kayu lan gegodhongan njur katenun dadi kokon, sarung minangka papane enthung tapa. Wong wadhon kuwi uga ajar mbatik endahing tanduran lan kembang-kembang kesumat marang swiwi-swiwi kupu kang bakal mety saka njero kokon, naika isuk isih wuta.
Pungkasane desa ing tengah alas kuwi kebak dening obahing swiwi kupu. Swiwi-swiwi kang banget endah, kang duweni maneka werna kaendahan werna ndonya. (Nadyan mengkono aku ora banget-banget percaya amarga jroning mripatku swiwi kupu mung duweni werna siji, yakuwi ireng. Mung tawon kang duweni swiwi werna putih endah kanthi lincip wisa ing pucuk buntut). Saben esuk katon cetha kupu-kupu kuwi mabur bareng dadi slendang endah kanthi maneka werna ngrenggani langit katingkah cahya baskara.
Saka pawarta kang sumebar, menawa katandhingake kaendahaning kluwung ora kuwawa nandhingi. Nglena mripat, alon slendang kuwi mudhun menyang kutha.
Wiwit kuwi desa kang dununge ana satengahing alas ora mati katujep dening sepi. Meh saben wektu wong-wong kutha gemrudug teka mrana. Mung kanggo deleng kupu kang kabare wis angel katemokake ana kutha-kutha, kupu kang kabare swiwine luwih apik tinimbang swiwi kupu saka tlatah liya.
Dalan kang sadurunge mati malih regeng, dadi urip kebak semliwere tetumpakan, kaya-kaya ora maelu marang wayah. Dalan-dalan anyar kabangun nanging ora nganthi ngosik angler turune alas. Ora nyuthik wit-witan ana sajroning alas, amarga banget kapitya menawa endahing swiwi kupu kagawa saka lestarine alas minangka papan cadhong pangan lan sumbere serat kanggo kokon.
Ombak kang wis gedhe tansaya tambah gedhe. Wong-wong saka tlatah liya uga padha teka nalika mangsa preian kanggo deleng endahing swiwi kupu. Katon saya cetha werna ireng dadi payung gedhe ana sakdhuwure alas. Ngumpul, ireng meles kayadene jlaga. Narik kawigatene wong-wong kang seneng kluyuran kanggo nyoba mlebu lan bungah menawa keblasuk-blasuk ana njerone.
Kang ndadekake umatku tansah ora jenjem amarga wis akeh duta--kanthi cahya cilik ana njroning ati--kakirim mrana, ilang tanpa ana pawarta. Musna kaya kauntal bantala, ora bisa bali. Ora jenjem amarga werna ireng kang saya suwe saya mrantak tambah amba. Para umatku percaya mung aku--minangka wakile Gusti kang kapercaya nggawa cahya suci--kang bisa nyandhet sakabehing memala iki. Kapitayankang nularake rasa ora jenjem--kang kawitane mung cumondhok ana njero atine umatku--menyang njeroning mripatku.
***
Latar ngarep Punjer Pitepangan Dumateng Gusti dikebaki dening para wakil tentara cahya, ngono para umatku menehi tetenger marang wong-wong kang kapilih dadi prejurit kanggo njaga jejeg adegke paugeran lan pranatan Gusti. Sandangan sarwa putih--minangka sandangan wajib--kathon mramong mantulake cahya baskara. Kabeh wong-wong kuwi katone wis nganthu-anthu asil tirakatku sajroning seminggu.
Nalika aku lagi wae metu saka njeroning omah, keprungu sorake wakil-wakil tentara cahya kang mbata rubuh ngancani lakuku, mbagekake tekaku. Aku njur ngangkat tangan tengenku mendhuwur minangka sanmita panarima, uga kanggo ngibas-ngibasake rasa trenyuh kang dumadakan teka ana sajroning mata.
Para wakil tentara cahya katone wis rtembugan sadurunge lan sarujuk nitipake kapercayan marang wong lima kang kautus minangka duta. Duta-duta kang nganthu tekaku ana wisma tamu. Kanggo ngrembug sakabehing lelakon kang ngrembaka sajroning aku laku lan bakal netepake cara kang kaanggep paling becik kanggo mungkasi sakabehing memala.
Nalika aku mlebu menyang wisma tamu, njur lungguh, para duta kang cacahing lima uga lungguh--kanthi wangun separo bunderan--ngadhep ana ngarepku. Bisa taktemokake rasa ora sranta--kang katon metu sanajan wis katutup kanthi rapet dening lembaran-lembaran ati--saka obahing awak. Ora kesuwen, para duta njur nyritakake sakabehing lelakon kang dumadi nalika aku mesu diri.
"Bapa, kula sampun mrentah dumateng para tantara cahya supados ngepung wana saking sedaya panjuru. Kula migunakaken para taruna saking gangsal desa. Sedaya sanjata kaliyan uba-rampenipun ugi sampun cumawis, pabaratan ugi wedal kagem nglurug sampun kapethang kanthi permati. Kawula namung nengga dhawuh ugi palilah. Menawi Bapa paring dhawuh ugi palilah gemrudug sedaya sami nglurug," kandhane duta nomer lima mbukak rembug.
Nanging dudu rembug kuwi kang narik kawigatenku, ana sabab liya kang bisa nbetot kawigatene mripatku. Yakuwi mripat-mripate wong lima kang kapilih minangka duta. Njeroning mripat-mripat kuwi kaya nuturake crita.
Duta kang kawitan, wong wadhon ana sisih kiwaku, bisa taktemokake kesumat kang banget ngulat-ngulat kasimpen rapet ana sajroning mripate. Kesumat amarga bojone kang mlayu ninggal dheweke lan ora bali maneh nalika sanja ning susuhing kupu ing desa kang dununge ana tengah alas.
Duta kang nomor loro, wong lanang kathi brengos kandhel, njroning mripate nuturake crita liya, Kesumat kang matraun-taun nganthi nape kasimpen ing atine, amarga kaentup lan kena wisa batik-batik kang kagambar endah ngrenggani swiwi-swiwi kupu, kang dadekake dheweke kelangan daya lanange.
Duta nomor telu, wong lanang kanthi irung gedhe, njroning mripate tutur nenani babagan liya, menawa dheweke kuciwa amarga tikel tekuk kang kakutip kanggo deleng swiwi kupu kang ora kagayuk dening sak-sak ing sandangane.
Duta kapapat, wong lanang gundhul plontos kanthi mripat kang banget landhep, taktemokake ana irenge ula sajroning mripate. Wuwus menawa dheweke kepengin njarah-ngrayah susuhe para kupu, kang kabare sinimpen raja-brana kang ora winates cacahe.
Duta kang pungkasan, wong lanang kanthi esem sinis, takweruhi ana rasa meri kang gedhe kasimpen ana sajroning mripate. Rasa meri amarga nasib katone ora gelem nyedhak lan mbela marang dheweke malah luwih seneng ngekep anget anggane para kupu.
Sawise meneng sawetara suwe, aku banjur micara, "Kanggone kowe kabeh, paukuman apa kang paling becik katibakake marang desa kang isine kebak kupu kuwi?" Pitakonan kang karakit saka ukara-ukara kang metu saka rasa kuciwa kang banget takrasa nyesek-nyesek ana sajroning dada.
"Saking pemanggih kula langkung sae menawi dipun lurug kaliyan tumpes kemawon sedaya isen-isenipun desa menika, mboten mbentenaken menika klebet kupu utawi sanes kupu," wangsulane duta nomer lima kanthi makantar-kantar.
"Kawula mboten sarujuk. Amargi menawi kados mekaten menika mboten adil naminipun. Pamanggih kawula langkung prayogi bilih maringi paukuman ingkang saget dipun enget-enget kagem sakmenika utawi sabibaripun. Supados saget maringi tepa-tulada dumateng tiyang-tiyang sanesipun, " kandhane duta nomer papat nyanggah lan atur pamrayoga.
"Leres pemanggih ingkang kados mekaten menika, Bapa. Kula sarujuk menawi ngganjar paukuman supados tiyang-tiyang ingkang sasar saget ngraosaken karmanipu, dos wohing pendamelan ingkang awon. Mboten pejah mekaten kemawon tanpa ngraosaken raos rekaos sakderengipum," kandhane duta nomer loro.
"menawi saking pemanggih kula sedaya pidamelan awon menika kalampahan amargi manungsa mboten kaconggah ing godha, wekasanipun laku cidra ndamel dosa. Saking pundi dumuginipun dosa menika, Bapa?" dumadakan duta nomer telu takon marang aku.
Aku menehi wangsuylan alon banget, meh wae tanpa swara, kaya sawijining gremengan, " Saka mripat mula bukane dosa temeka."
Krungu wangsulanku kuwi, katone para duta tanggap ing sasmita, kabeh manthuk sarujuk njur pamitan. Mung ana swara-swara gemruduge sikil-sikile dutane tantara cahya kang tansaya suwe tansaya ngadoh, katinggal ing njroning pangrunguku. Njur kaganthi dening sepi.
Aku kaget banget nalika metu saka wisma tamu lan nyawatake pandelengku marang padhang ndonya. Amarga mung ana sakwerna wae--werna ireng kang banget peteng--kang bisa dilelesi dening mripatku saka lumahing bumi.
Kediri, 03 Oktober 2006.
Cuthel.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar