Punjer Pitepangan Dumateng Gusti wangune jan katon peni, amba lan merbawani. Ana regol pengkuh--kang ngapit lan katone susah katembus--ana sangarepe. Pager kang duwur ngubengi kanthi eri-eri landhep lan wesi-wesi kang lincip ana dhuwur gegere. Adoh banget sasate menawa katandingake karo omahku--minangka papan ngentekake wektu sasuwene iki.
Kelingan marang ngendikane ibu menawa mung wong-wong pinilih kang bisa mlebu lan sinau ana kene. Ing kene uga akeh taktemoni bocah-bocah sabarakaku kang kakirim kanggo sinau. Pungkasane kabeh bisa dadi kanca, kanggo andum rasa lan crita.
Rasa kapang marang omah lan wong tuwa kang kawitan asring banget nyaket takrasa suwe-suwe ngadoh, ndelik njur musna, kauntal wutuh dening lambe-lambe amba sang kala.
Para dwijo kabeh nyandang sandangan kang sarwa putih wernane, menplak kaya kuntuyl nalika pada kumpul. Warna kang kaanggep suci, warnaning Gusti. Kabeh kelas-kelase uga nduweni tembok-tembok kang warnaning putih uga, ora ana gambar sasuwea kang tememplek. Para dwijo menehing pawulang menawa gambar mung bisa gawe pikiran dadi cuwilan-cuwilan kang banget alus, njur bakal dadi pepalang kanggo cecaketan karo Gusti.
Mataun-taun suwene aku lan kanca-kancaku nyoba ngenal marang Gusti, nyaket lan nyoba bukaki siji mbaka siji kulit-kulit kang mbungkus ukum, paugeran lan pranatan-E kanthi ati-ati. Mautaun-taun uga aku lan kanca-kancaku ngupaya supaya kapercaya dening Gusti minangka wakile ing lumahing bumi, tanpa maelu marang taun, dina, tanggal lan wulan. Uga ora maelu awan utawa bengi. Kabeh mau nyoba dilalekake, ngedoh saka umeke ndonya. Uteg-uteg iki mung kaisi babagan kang ana sambung rapate karo Gusti.
Nadyan kaya mengkono isih ana wektu kanggo aku lan kanca-kancaku deleng donya, ngisep ruwet hawa njaba. Kanthi cara kaundi, gilir-gumanti kang mubeng seser kaya jantra. Nalika aku oleh kalodangan metu saka walike regol lan deleng ndonya, katon ing njero mripatku ndonya wis ake banget owah-owahane. Aku mung bisa deleng rong werna kang kagelar amba ana njero ndonya iki, werna ireg lan putih wae. Mesti wae kabeh sesawangan iki ndadekake aku kaget sajroning ati. Kamangka saelingku mbiyen ndonya kuwi kebak werna, kang kacecer lan bisa dijupuki sjii-siji dening mripatku iki.
Menyang ngendhi lungane werna-werna kang mbiyen tansah rame ngebaki ndonya? Kena ngapa kok mung katinggal rong werna wae, ireng lan putih?
Pitakonan kang sepisan ki ora gelem manut marang kekarepanku, suwala nalika kasimpen rapet ana njero ati. Mula pitakonan kuwi takgolekake wangsulan marang para dwijo. Nalika ana kumpulan dwijo lan murid ing aula agung kang kaenekake saben sawulan sepisan. Takgawa sakabehing pitakonan-pitakonan kuwi marak sowan.
Para dwijo aweh swara menawa ana guwa-guwa cilik--kang ndelik--tinatah ana sela-selaning atiku lan atine sekabehing murid ing kene kang dititipi dimar cilik--kang tansah mekan--kang asale saka cahyane Gusti. Ya amarga kabeh kuwi kang njalari sakabehing werna ana ngalam donya pada misah njur ngumpul dadi rong punjer werna wae, kang kasil dijumputi dening mata.
Amarga sabenere sakabehing werna kang akeh banget cacahe kuwi sajatining mung cuwilan-cuwilan lan remukan-remukan saka rong werna, yaiku werna ireng lan werna putih. Nalika cahyane dimar kang cumondok ana njero-njero guwa ati tansaya benter mula mung ana rong wernane ndonya kang katon ana njero mata. Suwalike nalika cahya dimar kuwi tansaya mendrip bakal saya akeh cuwilan lan remukan werna kang kasil dilelesi dening mripat saka njerone ndonya.
Aku lan para murid nyimak kanthi saksama sakabehing katrangan kang kawedarake dening para dwijo. Kabeh katrangan-katrangan kuwi dening aku lan para murid liyane cepet-cepet kabungkus rapet lan kasimpen ana cepitan-cepitanne sirah minangka dogma, tanpa ana pitakonan utawa bantahan sadurunge. Kaya-kayane patrap kang mengkono kuwi wis dadi adat--tradisi kang banget aji--kang tansah katindakake lan kajaga mataun-taun suwene.
***
Kaya padatan, garis ukum kandhel kang diduweni dening donya ora bisa diselaki. Ana kawitan mesthi ana pungkasane. Semono uga pasinaonanku kang mataun-taun suwene ana Punjer Pitepangan Dumateng Gusti wis titi wancine rampung.
Dening para dwijo aku diwenehi palilah bali urip ana njroning donya kanggo salawase. Nadyan ana rasa kang abot ing njero ati nalika kudu pisah karo kanca-kanca lan guru-guruku--kang putih tanpa cacat, suci tanpa dosa, kang bener ora tau salah--kang sasuwene iki tansah taktresnani, nanging aku ora bisa selak lan nyelaki pepestene Gusti.
Ana cahya cilik paringane Gusti kang katitipake ana ragaku. Sanggan jejibahan uga katalekake rapet ana dhuwure pundhakku dening para dwijo, jejibahan kang kudu takayahi kanggo madhangi ndonya kanthi cahya kang metu saka angga. Jumputi cuwilan lan remukan werna ana salumahing ndonya njur kaklumpukake lan kalebur dadi rong werna.
Aku kapatah madhangi sawijining desa ana pinggir alas, siji saka lima desa kang ngupeng alas. Menawa sinawang saka angkasa bakal katon kayadene kumpulan semut kang lagi grubung bokahan gula.
***
Aku teka mbarengi pedhut isuk wuta, pedhut kaya slimut kang karonce saka wulir-wulir alus banyu lan angin. Ana saperangan reroncen wulir-wulir endah kuwi kang pada pedhot kena landep lan lincipe pucuk-pucuk godhong utawa suket. Njur dadi mutiara bening kang nerusake cahyane baskara sadurung musna. Sakabehing kaendahan kuwi rada kasuwek dening sumebaring werna ireng kang kasil kecekel dening mripatku kang asale saka desa.
Nadyan werna kuwi ngebaki desa, aku katrima kanthi grapyak sumanak dening para warga. Kanthi esem-esem tulus saka njero atine metu ngrenggani pangucape wong-wong desa, resik tanpa praduga ala. Kadadeyan kang meh wae ndadekake aku ora percaya. Aku sowan marang para pamog lan tetunggule desa, nyoba ngenalake cahya kang metu saka raga. Kawitan para pamong lan tetunggule desa rumangsa ulap kena gumebyare cahya, nanging mjur malih gawoklan rumangsa kepranan marang putih resik lan endahe cahya kuwi. Para pamong lan tetunggule desa njur njaluk supaya aku menehi sethithik wae--cahya padhang kuwi--kanggo rerenggan raga.
Pepengenan kang njur mrambat ana hawa lan terus mrambat ora kena kapenggak, nular kaya ama. Pepenginan kang nulari wong-wong desa liyane, kang ndadekake gemruduk wong-wong desa padha teka kanthi penjaluk padha, mung kanggo nglabuhi ragane supaya bisa ngathonake cahya.
Kanthi kasengkuyung dening para warga klebu dhuwit sumbangan--kang kaklumpukake saka wong-wong desa--pungkasane aku nggedekake papan pasinaonan, Punjur Pitepangan Dumateng Gusti, ana njroning desa. Wong-wong desa kang kamampuan ekonomi, drajat-pangkat, kang beda-beda--nanging kabeh gelem manunggal dadi siji kanthi karep lan kreteg kang pada. Lan aku kang pinercaya minangka guru.
Katone rembug panuwune wong tuwaku sakloron--kang asring takrungu ana lingsir wengi kang sepi--marang Gusti kasembadan lan dadi kasunyatan. Uripku tumata luwih becik, luwih gampang ora rekasa kayadene uripe bapak-ibuku.
Ing desa iki aku tansah diladeni lan kautamakake ana sakabehing babagan, kanomerake siji. Uripku ora kurang lan kepara luwih-luwih, tangan-tangan alus luwe ora kaulur maneh, malah ngedoh sajak wedi. Kang wigati aku kepilih dening Gusti, kapercaya nggawa cahya padhang suci dhuweke, kapercaya ngayahi jejibahan kang abot kanggo milah-milah wernane ndonya. Ndadheake sawerna yaiku werna putih.
Pungkasane aku bisa ngundhang lan mulyakake wong tuwaku sakloron, pepinginan kang kependhemn suwe ana lemah-lemah atiku. Aku rumangsda bubgah nalika bisa nggawe bapak-ibuku remen penggalihe. Rasa bungah kang tan kinira kato saka esem kang ngrenggani sumringah pasuryane bapak-ibuku, eman ora ana tumetese banyu waspa.
Nadyan kaya mengkono ombake nasib katone isih gedhe lan durung mendha, durung lila ndeleng bapak-ibuku mulya. Ibarate mung sakleplasan mata wae kalodhangan wektu kang diwenehake marang wong tuwaku sakloron kanggo nyecep rasa legi saka banyu gulane ndonya.
Sasrude wong tuwaku sakloron Punjer Pitepangan Dumateng Gusti dadi luwih ngrembaka lan mundhak gedhe. Siswa-siswaku tambah akeh, matikel-tikel cacahe. Ora winates mung ana sadesa kaya kawitane, nanging wis anjrah marang desa-desa liyane. Pangribawa kang takduweni takrasa uga saya gedhe. Apa wae ukara kang kawetu saka pangucapku kaya-kaya tansah dadi paugeran kang gumathok, rapet kagegem ana tangan-tangan pengkuh para siswaku.
Para siswaku banget manut lan satya, nganthi lila paribasane kajaluk ngorbanake apawae--klebu banda ndonyane klebu nyawane--mung kanggo nglumpukake pecahan lan cuwilan werna ing ndonya. Kabeh para siswaku uga banget percaya marang aku menawa aku minagka wakil Gusti kang kapathah nggawa cahya suci kang mlerengi. Cahya suci kang bisa nggawe gawoke wong liya, cahya kang ngukuhake menawa aku salah sijining wakile Gusti ana lumahing bumi.
Kabeh kapercayan mau nancep njeru ana bolongan-bolongan sirahe siswa-siswaku. Alon nanging klakon lima desa kang dumunung ana pinggir alas owah wernane, yen sadurunge werna ireng kang sumebar kanthi rata, saiki kaganthi dening werna putih.
Puting nggilapa kaya resike piring-piring porselin. Warna putih kang nundhung sarta nindhih marang werna liya kang dununge ana ngisore. Putih nggilap, mung wae nggilape amarga apa aku ora ngerthi, ora ana kalodangan wektu kang omber kanggoku mikirake babagan kuwi.
Dalan urip kang mulus pinda dalan tol tibane mung duweke Gusti, aku minangka wakil suci isih uga kauji. Ujian kang bakal nambahi pangerten marang urip lan ngaurip, ngono jare sakglintir winasis. Lan kathone uripku ora beda karo manungsa liyane, uga kudu ngedhepi pengkuhing rubeda.
Sawijining wektu umatku, kasengkuyung uga dening para siswa, atine pada ora jenjem amarga sawijining prakara. Ana warna ireng kang kandhel kang asale saka waliking alas kathon cetha ana mripat. Sawijining desa kang ora kasinaran dening cahya suci dhuweke Gusti. Sawijining desa kang minangka punjere penggawe ala, maksiyat ngono jarene para umat.
Sakjane mripatku uga bisa nglelesi werna kang padha, ana werna ireng kaya bolongan kang jeru kang dununge ana tengah alas. Kanggoku katon kaya sawijining roti donat kang tinabur meses-meses awerna ireng kang diseleng ing dhuwure piring porselin. Werna puti piring kang katon cetha sakanjaba nanging ora bisa nembus bolongan ireng saka tengahing donat. Amarga saka jerunebolongan kuwi mau. Para umat crita menawa bolongan kuwi saya suwe saya tambah ambane. Mung gara-gara babgan roti donat cacah siji ing dhuwur piring porselin, atine umat-umatku dadi ora jenjem.
Ana candhake ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar