Aku klairake dening kaluarga prasaja (prasejahtera) jarene pejabat, mlarat jarene tangga. Bapakku mung tani cilik, tani gurem ngono kandhane para winasis ( bodone nalika aku isih cilik, aku percaya menawa gurem uga ditandur ing sawah), kang mung nduweni sawah ambane mung sakbagian. Sawah kang asale saka warisane bapake-bapakku. Sawah kang asile ora cukup menehi wareg sajroning rong wulan. Ya amerga kabeh kuwi bapak-ibuku kudu ngethog sakabehe karosan kang diduweni kanggo nyukupi urip kang tansah kaluwen lan nuntut.
Meres uteg lan otot-banyune kanggo nyukupi sakabehing buntuhku, minangka anak ontang-anting kang banget ditresnani. Kerja kang abote kaya ngapa wae dilakoni dening wong tuwaku sakloron kanggo nglumpukake cuwilan-cuwilan beluk pawon kang kaecer-ecer, cuwilan-cuwilan kang bakale mung kanggo nyumpel jerit sora--kang tanpa ngerti wayah--asring metu saka lambe-lambene wetengku.
Nadyan kaya mangkono nasib katone tega, kanthi sengaja mengeremake mripat lan atine. Dheweke ora rumangsa trenyuh babar pisa nyawang polahe wong tuwaku sakloron, ora kesenggol rasa welese nyawang kringet-kringet kang deres tumetes saka anggane bapak-ibuku kamg kaya udan ing mangsa rendheng, uga ora maelu nyawang rasa sayah kang katon cetha mataun-taun tumemplek ana praupane. Katon nasib suthik cedhak wong kang lagi nandang papa-cintraka, apamaneh mbela. Dadine aku lan wong tuwaku sakloron luwih asring pasa tinimbang mangan, luwih caket lan raket karo tangan-tangan aluse luwe kang tansah kaulur.
Nanging aku ora tau meruhi wong tuwaku nesu utawa ngunen-uneni Gustine, tetep wae pasrah lan sumarah. Apa sababe aku ora ngerti. Mung wae ibuku asring ngendhikan marang aku menawa pasa kuwi becik tumprape urip, bisa ngedohak lelara lan kang luwih utama nyedhakake akul lan wong tuwaku marang Gusti.
Nadyan sakjane aku pingin banget takon marang ibuku, apa ngendhikane ibu wis trep karo kahanan kang lagi dumadi. Emane pitakonan kuwi ora bisa kawetu saka pangucapku amarga nalika ibu ngendikan aku bisa nyawang kanthi cetha menyang njero netrane--kang bening kayadene tlaga--katon ana tatu anyar binuka, asring taktemoni ugakemembenge banyu ana tlapukan netra.
Aku age-age manthuk mangesthoni, kaya-kaya sarujuk lan mangerti, satemene mung kanggo nyandhet supaya banyu netrane ibu ora nganthi tumetes nelesi bantala.
Kadangkala bapak uga crita menawa Gusti kuwi cedhak lan banget tresna marang wong-wong kang uripe kasrakat kaya kaluargaku. Aku ngerti menawa bapak uga padha karo ibu mung menehi panglipur marang atine dhewe, ora mangerteni menawa aku biasa nemokake rasa sayah lan getir urip kang numpuk- undhung nggarit ana jerune netra.
***
Omahku--kratonku, kang temboke saka gedheg--wilahan-wilahan pring kang ditipisake njur kaanyam--pupuran kapur gamping. Pupur kang tansah nyawurake cuwilan-cuwilan putih nasib kang njalari rasa pedes-erih nalika mlebu sela-selaning mripat. Jogane meles ireng lemah, krasa anyep ana dlamakan sikil, kang anyepe kayadene urip. Gentheng kang mayungi tuwa, kisut-kisut mbengkerok dening lumut. Gentheng kang tansah setya nerusake pucet praupane baskara sore nalika angslup, apadene blater panyapane banyu udan kang tumetes nalika langit ing angkasa lagi cuwa. Paturonku mung kagawe saka wilahan pring, kang tansah nyuwara pating kriyet nalika takcedhaki lan taktinggal. Swara kang kaya-kayane sawijining pisambat ngenani abot sanggan kang kudu kasangga lan umur kang ngundhuri tuwa.
Rada mengguri ana kandang cilik katon nlesip ing sela-selaning wit gedhang kepok kang gadheg jejeg, anggak nyawang dhuwure langit. Papan kanggo pitik-pitik turu lan manak. Pakiwan dununge ana kiwa--mburine omah. Sumur lan jeding kang banget prasaja, mung jambangan--kaya maron gedhe--minangka punjefr kakupeng pecahan-pecahan bata abang lumuten kanthi bebet kepang kang dhuwure mung sadadane wong dewasa, genthengan warna birune langit lan ijone godhong-godhong randhu.
Isih ana wangunan cilik kang rada misah dununge saka omah, minangka papan patemonane bapak-ibuku karo Gustine. Asring takweruhi wong tuwaku sakloron ana kana, awan utawa bengi. Aku uga isih kelingan nalika kawitan dijak mrana dening ibu, kenalan karo Gusti ngono ngendhikane ibu nalika kuwi. Aku kudu adus kang resik lan mengganggo sandanganku kang paling becik. Nanging iba kuciwane atiku nalika kuwi, ing njero papan kuwi ora ana sapa-sapa, mung aku lan bapak-ibuku wae.
Aku banjur takon lan ngambali takon marang ibu babagan Gusti kang bakal tatepungake marang aku, amarga apa aku ora ngerti ibu mesti duka. Astane kang kuwat menclok ana dhuwur bokongku. mung ninggalake rasa perih lan werna abang nggaler kang mancep ana njero pengelingku. Ibu uga asring nuturi supaya aku ora kakehan mikir lan takon babagan kang rena-rena, amarga saka kono setan teka.
Pungkasane aku njur marisi Gusti saka wong tuwaku sakloron. Warisan kang tanpa surat. Warisan kang olehe tanpa rekasa, ora perlu ndadak ngoleki lan nglumpukake, mung emane aku ora oleh takon babar pisan.
Asring aku tangi ing lingsire wengi, mung amarga kepengen bebuwang banyu uyuh/turas menyang buri. Asring takweruhi uga ambene wong tuwaku suwung. Kawitane aku bingung njur nggoleki amarg wedi menawa ditinggal utawa wong tuwaku ilang. Aku bisa nemokake wong tuwaku sakloron ana njero wewangunan cilik iringan omah. Uga bisa takrungu swarane wong tuwaku sakloron kang nenuwun marang Gustine supaya aku mbesuk bisa dadi wakil-E lan suapaya uripku ora banget rekasa mbesuke.
Rembug kang tanpa wangsulan, rembug kang uga saingan karo penjaluke manuk kokok-beluk--kang lagi menclok ana dhuwure pang wit randhu--supaya wengi ora gelis lingsir.
***
Ana rasa trenyuh kang rapet banget anggone nggubet nalika aku kudu pisah karo bapak-ibuku. Nalika kuwi aku ngancik umur sekolah. Mung amarga ora ana beya kang ndadekake aku kakirim menyang njaba kutha, menyang papan kang mung takmangerteni arane ora dununge.
Aku nyoba brontak nanging muspra. Ibu ngendikan menawa ing papan anyar uripku bakal luwih mulya.
Sakjane ana pepengenan kanggo takon marang ibu, apa ana kamulyan liya kang ngluwihi kamulyane anak kumpul karo wong tuwa? Emane aku banjur kelingan marang panas astane ibu menawa tumemplek ana dhuwur bokongku. Ndadekake pitakonan kuwi ora kawetu lan nganthi salawase bakal mung dadi pitakonan wae tanpa ana wangsulane, kang kasimpen primpen ana njero atiku.
Bapakku mung ngendhikan menawa kabeh kuwi mung kanggo dina ngarepku supaya uripku ora reasa kaya bapak-ibuku, lan amprih aku bisa luwih kenal lan tansah caket karo Gusti.
Aku mung meneng, amarga ora ngerti, apa karepe ngendikane bapak-ibuku. Aku mung ngerti sanadyan katone tatag nalika wong tuwaku sakloron ngendikan--ana tatu anyar kang katone lagi mbukak tur amba--katon ana sajroning netrane.
Wong tuwaku sakloron ngeculake aku tanpa ana swara miseg, tanpa ana kutahing banyu bening saka netra.
Ana candhake...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar