Senin, 06 Desember 2010

Swara Ati Widowati

Ing satengahing alun-alun taksawang tumpukan kayu wis nggunung, sedela maneh geni bakal branang kanthi jogede. Swara pandita mrengegeng ngebaki hawa kanthi mantra. lan sepi wiwit dolanan ati.



Kakang, apa ora kelingan nalika aku lan kakang isih ana kahyangan Untara Segara? Takkira kakang uga isih kelingan. Nalika iku urip minangka widadara lan widadari, urip kang tentrem tanpa panandhang. Banjur kakang nampa jejibahan angreksa jagad saka Hyang Guru, raja para dewa. Kudu manitis ana raganing titah ing arcapada. Aku minangka sigaran nyawa melu tumurun bumi, setya ngabekti lan ngancani lakumu ing pirang-pirang lelakon panitisan. Apa kakang wis lali marang kabeh iku?

Kakang takkira uga isih kelingan nalika aku tumitis ana angga putri Prabu Citragada saka Manggada. Ana anggane Dewi Citrawati kang banget sulistya ing rupa, nalika semana tan kendhat tak aturake puja marang jawata ana sanggar pamujan ing sepi wengi. Kinupeng keluk lan dupa serta arum ganda kembang. Nalika rama ngenekake sayembara sewu nata teka, klewbu Prabu Darmawasesa--ratu buta saka Widarba. Apa kakang uga bisa ngrasakake kaya apa semelange atiku nalika iku? Semelang amarga wedi ora bisa suwita marang angga titisanmu, rina-wengi aku ora bisa nendra bisaku mung ndonga. Amarga minangka wanodya aku ora duwe swara ing pranatan priya.

Sumelang kuwi bisa musna nalika aku weruh utusanmu, Bambang Sumantri kang nglurug Manggada. Ngleboni sayembara lan kasil ngalahake sakabehing nata. Aku bungah tan umpama, katone Jawata ngabulake panyuwunku. Liwat satriya bagus putra Resi Suwandagni saka Pertapan Ardisekar, aku klakon nyuwita marang kakang, kang nalika iku nitis ing anggane Prabu Ajunasasrabahu--nata Maespati. Nadyan ana sapletik rasa kuciwa ngrenggani ati kang ndadhekake aku takon marang atiku, apa asor ajining raga iki? Rasa kuciwa amarga dudu kakang pribadi kang ngleoni sayembara, ning mung utusanmu. Apa isih ana kang luwih aji tinimbang tresnaku minangka garwa?

Mula aku bisa uga ngrasakake kepriye pangrasane Bambang Sumantri nalika ora enggal ngaturake aku marang ngarsamu. Aku uga banget sarujuk, apa kakang uga ora ngerti? Amarga kakang ora nganggep aku sawijining  titah,  kakang mung nganggep ajiku ora bedha kaya raja brana, mung kanggo ngenepi uripe priya. Nadyan mengkono ana rasa miris nlusup-nlusup njero ati nalika kakang adu kasekten lumawan Bambang Sumantri. Aku ngerti menawa kakang digdaya nanging Bambang Sumantri uga. Pungkasane Kakang tiwikrama dadi brahala, dadi Bala Srewu ka ng banget nggegirisi. Bambang Sumantri nglimprek kalah ing yuda.

Kakang paring pangaksama, nanging ora ing teleng nala (ati). Aku mangerti kakang kudu menehi paukuman marang Bambang Sumantri kang wis cumandhala kumawani marang nata. Nanging kudu muter Taman Sriwedari saka Kahyangan Untara Segara marang Maespati, pakaryan kang mokal kanggone titah lumprah. Apa karepmu nalika kuwi kakang? Apa kang dadi karepe titis Wisnu kang kapathah ngreksa jagat, aku ora ngerti? Apa mung kanggo nyenengake lan menehi panglipur marang atiku,supaya aku bisa sawetara nglalekake sakabehe panandang ing donya? Kalipur lan rumangsa urip ana kahyangan kaya sadurunge nitis ing angga manungsa? Kakang, kabeh iku ora dadi planglipure atiku, malah aku rumangsa dosa. Amarga saka dhawuhmu kuwi kadadeyan pate-pinaten ing antaraning kadhang nunggal bapa-biyung, kadhang kang katresnaning ora imbang. Bambang Sumantri ora sengaja nggawe pathine adhine, Bambang Sukrasana kang ala waujud buta. Wujud kang ndhadhekake aku lan para emban keplayon saka njero taman amarga gilo. Dosa kuwi takrasa tansah rapet nggubet raga, apa kakang ora pirsa?

Nanging tresnaku ora pupus, nalika aku krungu pawarta menawa kakang seda lumawan Rahwana ing bandayuda sakala takrasa jagad dadi peteng lelimengan. Aku ora kuwawa urip tanpa kakang. Mula aku lan para maru kang cacahe 80 pada suduk salira bela pati, kanggo labuh tresna marang guru laki, kanggo mbuktekake sepira gedhene tresnaku marang kakang.

Aku banjur tumitis ana anggane Dewi Citralangeni, putri negara Tanjungpura. Nalika iku Rahwana kang tansah mbujung laku kanggo tresnane, uga mangerteni. Tekade kanggo nggarwa aku tan mendha, ora kena kagambarake kaya apa bingunge nalarku nalika ratu buta iku ngajokake panglamare, kakang. Pranatan ora menehi kalodhangan marang wanodya nolak panglamare priya, pranatan kang ora tau mbela wanodya. Dadine aku kudu laku apus krama, laku nistha lan culika. Aku menehi syarat gelem kagarwa menawa Rahwana kasil merjaya para resi lan pandita cacah sasra (sewu) lan mustakane minangka bukti. Ora ana dalan liya nadyan aku mangerti menawa apus kramaku bakal nggondhol tumbal nyawa tanpa dosa. Kabeh mung kanggo labuh tresna marang kakang. Aku suthik kagarwa manungsa kang dudu titismu.

Rahwana utusan Tenung Yaksamuka minangka duta kanggo minangkani panjalukku. Getih suci resi apadene pandita wiwit tumiba, suci nelesi bumi. Aku mung bisa nenuwun mring jawata mula mala kuwi bisa sirna. Woh saka panuwun wiwit trawaca nalika Bambang Kertanadi minangka dutamu teka. Putra Begawan Jumanten kang bagus sekti mandraguna kadya Bambang Sumantri nalika semana. Sanggan dosa rada mendha nalikaTenung Yaksamuka klakon kakasorake njur nyuwita marang kakang. Kanthi kadherekake Bambang Kertanadi, kakang sowan marang Rama Prabu Citrawirya. Iba bungahku nalika iku, amarga aku bisa nyuwita marang kakang. Nadyan ana sapletik rasa kuciwa rikala semana. Kuciwa amerga dudu kakang pribadi kang ngendheg tumindake Tenung Yaksamuka, ngapa kudu Kertanadi?

Aku bela pati nalika kakang seda, kalah lumawan Rama Parasu sanadyan nalika semana kakang wis tiwikrama. Bala Srewu kang nggegirisi kasoran lumawan jemparinge Rama Parasu. Kakang, Rama Parasu menang amarga nggegem rapet kesumat kang ora kendhat, kusumat amarga tumindak culikane nata. Kusumat kang tuwuh saka ora adile pranatan ndonya.

Panitisan sabanjure aku nitis ing angga putri Rahwana, Sinta. Rahwana isih mbujung laku nggawa tresna, ora maelu putra bakal kagarwa. Dening Gunawan Wibisana, aku kaslametake sarana kalarung menyang narmada (kali). Gunawan banjur nyipta bayi lanang kanggo ganthi saka mega, bayi kuwi kawenehi tenger Indrajit. Kakang, lelakonku kebak dosa. Aku lair kanthi tumbal nyawa wanodya-wanodya kang lagi ngarbini sa-Alengka. Katone dosa durung mendha nggubet raga, dosa kang cinipta tan takrasa. Prabu Janaka-nata ing Manthili-nggangkat aku minangka putri.

Nalika dungkat dewasa, rama ngenekake patembaya sapa wae kang bisa nundhung manuk gagak Dhandhangsengara apadene menthang gendhewa pusaka Manthili klakon mboyong ragaku, patut kasuwita dadi guru lakiku. Kakang kang nalika iku nitis ing angga Raden Ramawijaya-putra Dasarata saka Ayodya- ngleboni patembaya lan wusanane kasil. Rasa bungah ngabuncah nalika bisa suwita marang titis Wisnu lan ora ana sapletik rasa kuciwa ing njero nala. Nanging bungah kuwi mung sedhela takrasa.

Dewi Kekayi nagih janji, murih putrane jumeneng nata ing Ayodya. Kakang lila sumingkir saka praja. Mlebu metu alas, munggah mudhun gunung sarta jurang mung kadherekake adhi nunggal bapa Raden Lesmana Widagda-putrane Dewi Sumitra. Urip ing satengahe alas Dandaka, suwene telulas warsa. Kakang, panandhang abot kudu taksandang minangka garwa, aku putri raja kudu kaluntha-luntha ngetutake jangkahmu minangka labuh bekti marang guru laki. Mula nalika ana kemliwere kidang endah pindha kencana aku mothah kepengin duweni, mung kanggo panglipur ati ing wana kang sepi.

Aku ora mangerti menawa kidang kuwi apus kramane Rahwana kanggo ndustha aku. Kakang minangkani panjalukku, kanthi masrahake aku marang Leksmana adhimu, supaya jinaga. Nalika keprungu swara jerit, atiku mobat-mabit. Leksmana puguh ora gelem nyusul, mung amarga kadakwa ala dening aku dheweke mangkat. Mangkat kanthi aprasetya wadat salawase urip ora bakal mengku wanodya, prasetya kang nambahi sanggan dosa ing ragaku. Tibane jerit kuwi, jerite Kala Marica-abdi kinasihe Rahwana-kang badhar saka angone memba kidang kencana amarga jemparinge kakang. Rahwana kasil dustha nalika tanganku sajabane rajah mantra, Jatayu kang nyoba mbela ora kuwawa nandangi krida.

Welasan warsa aku nebus dosa ing sepining taman Asoka mung kanthi kanca Trijatha lan patrem ing gegem, tansah kajaga kasucian raga saka tangan lanang Rahwana. Nganthi sawijining dina ana wanara seta, Anoman minangka duta mlebu taman. Pangarep kang meh wae pepes thukul ngermbaka. Saka dheweke aku ngerti pawartamu lan mangerthi menawa kasucen kang tanszah kajaga saksuwene iki ora muspra.
 
Rahwana kasil kakasorake, mati nggawa tresna. Mung wae aku ora mangerti marang apa kang kakang karepake? Sawise welasan taun kapisahake kakang dadi ora percaya marang wuwusku, marang tresnaku uga kasucenku. Apa isoih kurang bektiku marang guru laki? Apa dosa kang sinandang ing raga banget gedhene? Apa amarga saka pokalku akeh pepathi tumiba ing lumahe bumi? Ana ngendhi dununge pangaksamane Wisnu minangka dewa kang anggreksa jagat? Nganti Kakang meksa aku lumebu tengahing geni. Aku nangis kejer ing njero ati, Kakang. Apa kakang ora mireng swara tangis iku? Ora kakehan wuwus, panjalukmu bakal tak turuti. Aku uga prasetya ing njero ati ing panitisan sapungkure aku suthik dadi garwamu, suthik bekti marang guru laki titis Wisnu.

Kediri, 14 September 2006.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar