Wis ana sawetara dina iki aku ora turu, awan utawa bengi, mung kanggo nenuwun marang Kang Akarya Jagat supaya oleh pepadang supaya biasa dadi srana kanggo ngrampungi reribet kang lagi wae takadepi. Reribet kang njalari atiku apadene atine kabeh umatku ora jenjem, tansah rumangsa was-sumelang. Wengi iki minangka wengi kang kapitu, ateges anggonku melek wia ana seminggu, ing njaba swasana banget sepi-tintrim, ora ana angin kang biasane dolanan godhong-godhong pring, anane mung ireng ayang-ayange wit-witan.
Ana konang cilik kang dumadakan mlebu menyang bjero kamarku, kayane konang kuwi mau njedul saka walike tembok-tembok kamar. Dheweke ngampiri aku lan tanpa sungkan utawa isin malah njur mencok ana pucuke driji. Konang kuwi mau nggawa aku mabur, metu saka kamar, tanpa taren lan pitakonan sadurunge, ora maelu aku mengkone bakal sarujuk apa ora. Dheweke nggawa aku nyasak peteng wengi kang buket kayadene kopi. Alon-alon si konang awake dadi gedhe lan saya suwe saya mundhak gedhe, awake pinda kapompa ngono kae. Nganthi aku bisa munggah lan nunggang ana dhuwur gegere, lungguh ing sela-selaning obahing swiwine kang tipis.
Apa sababe kabeh iki bisa klakon dumadi, uga kepriye carane aku dhewe ya ora ngerti. Aku uga rumangsa nggumun banget, mung wae ora ana kalodangan wektu kanggo nggagas sakabehing lelakon kuwi. Sangertiku aku digawa mabur menyang salah sawijining papan kang ing kana swara apadene nalar tan piguna. Nalika mlebu apadene metu kaanggep pada.
Ana pawongan nganggo sandangan kang sarwa putih, lan ana cahya puting mlerengi mripat kang metu saka pori-pori awake. Dheweke persis lan pada karo aku. Nanging dheweke dudu aku. Ana rasa ora jenjem kang katularake saka atine umate marang njero mripate, nular kaya dene ama kae.
Miripat kang uga crita babagan werna, sawijining werna ireng kang banget irenge nganti bisa ngalahake ireng wengi apadene kopi, kang pangribawane kuat banget nganti kontal katembus dening cahya putih mblerengi kang metu saka anggane. Ya, amerga kabeh kuwi dheweke nganti lila, gelem ngorbanake wengi-wengi kang biasane banget kepenak kanggo ngeremake mripat, nung kanggo tirakat, prehatin nenuwun marang Kang Akarya Jagad, ing njero sepi lan ing papan kang dhuwur.
Mbuh...saka ngendi asale, ana wisik kang teka--kanggo ngrampungi sakabehing reribet kang sasuwene iki rapet nggubet--nggantung-ganthung ana awang-awang. Dheweke banjur age-age ngranggeh wisik kuwi mau lan njur nyimpen ana selaning tumpukan-tumpukan kertas uteg ana njero sirahe.
Aku mung nemoni ana kekejeman kang banget nyalawadi ngringkel lan ndekem ana njero mripate. Sapungure kuwi dheweke mung ngethokake swara ngremengan kang alon banget, nanging kanggoku swara ngremengan kuwi cetha banget keprungu ana njero kupingku. Amarga dheweke persis lan pada karo aku, nanging dheweke dudu aku.
Swara gremengan kang isine ndadekake awakku kaya kesamber gelap wae rasane, meh wae ndadhekake aku koncatan purwa-duksina lan ceblok saka gegere konang reksasa. Swara gremengan kuwi ngenani jaran papat lan serat saka daging manungsa. Ana rasa giris kang banget ngiris lan krasa njarem biru kang blawur ana njero ati nalika kuwi. Kaya-kaya ngerti marang kang lagi takrasakake, si konang nggawa aku ngedoh saka papan laknat kuwi.
Dheweke mabur nggawa aku tumuju papan liya. Papan kang isine mung ireng-peteng lan sawijining mripat kang ngganthung. Mripat kang banget endah lan menehi rasa ayom--rasa tentrem ana njero ati--marang sapa wae kang nyawang. Mung wae tlapukan mripat kuwi tansah kebak, kaisi banyu luh kang mambeg. Mripat kang katone wis suwi banget taktepungi lan uga tepung marang aku. Rada suwe aku nyoba ngeling-eling sapa kang tau duweni mripat kang kaya ngono kuwi. Sawise sawetara suwe akhire aku kasil. Aku kelingan menawa mripat kuwi netrane ibuku, nanging supaya aku luwih manteb maneh mula kudu takwaspadakake disik bener apa ora pengelingku kuwi.
Mula banjur taksawang njerone mripat, amarga sakelingku ana tatu ing njero netrane ibu. Aku bungah bisa neokake tatu kang cumondhok ana njerone mripat, amba lan jeru. Mung kang nggawe kagetku ana ula kang metu saka njerone tatu, dlosor lang ngisis-ngisisake siunge. Aku uga nemokake ireng setan ngringkel lan dhekem ana matane kewan kuwi.
Sepisan maneh si konang nggawa aku ngadoh saka papan kuwi, anane mung ireng ngemuli awakku, ireng kang tanpa wates kaya-kayane ngelingake aku nalika isih ana ing njero guwa garbane ibu.
Aku lungguh ana njero kamar, konang cilik isih menclok ana pucuk drijiku. Entheng--tanpa abote sanggan urip--dheweke ngobahake swiwi kang tipis saka membran kuwi njur mabur saka pucuk driji, ngadoh kanti nggawa sentir cilike kang tansah kelap-kelip ing pucuk buntute.
ana candhake...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar