Ah, katone umure jagad saya ngundhuri tuwa wae. Yen ora percaya, coba tho disawang bareng-bareng, jagad anggone dandan wis ora kaya mbiyene kang sarwa prasaja. Saiki dandane kepara keladhuk, menor ngono kandhane wong kutha, rinasa cengkah banget karo tuwane umur.
Takkira kabeh wong ya pada ngerthi menawa dandan menor kaya ngono kuwi mung salah sawijining cara kanggo ndelikake kisut-kisut kang saya akeh lan mundhak cetha katonana praupane. Katone saya mundhak tuwa umure jagad uga nduweni pangaribawa marang tumindake wong-wong kang sasuwene iki nunut urip ana sakdhuwure.
Kepiye ora? Mbah Karjo,kang dukun kuwi,saiki ngedhegake klinik rawat inap ing desane. Dheweke uga wis mbuwang kabeh sandangane kang kusem lan wemane ireng,kang bisa uga mung dikumbah ing awal sasi Sura,kaganthi dening sandangan anyar kang wemane putih tur resik. Pasumyan kang mbiyene awut-awutan lan asring ndhadhekake bocah-bocah cilik miayu utawa nangis kejer amarga keweden, saiki wis banget owah.
Pasuryan kuwi katonklimis, resik saka sakabehe brengos, btewok uga rambut kang mbiyene nglawer dhawa kaya ula. Owah-owahan uga bisa ditemokake ana uba-rampene, saiki sing arane jamu, bobok, rajah-rajah wis diwungkus sarana modem, ana njerone kapsul utawa awangun pil lan kaplet. Ora trima kuwi sawemane banyu kang kabare asale saka tuk-tuk ing papan tinentu utawa kang asale saka pitung samudra uga wis kawungkus apik ana njroning kantongan-kantongan plastik kaya infus ngono kae.
Dheweke uga mbukak apotek ana sisih kiwane klinik, ana mushala cilik nyimpit ing mburine. Kang banget ora kanyana, ana gulune simbah tuwa iki tansah direnggani stetoskop nalika mbukak praktek, ngubet gulu kayadene ula. Rerasan kang sumebar uga ngandhakake menawa mbah Karjo "ngingu" lurah,kang bekas preman kuwi,minangka bekinge.
Owah-owahane mbah Karjo kang dumadakan pindha bumi karo langit adohe kuwi karowan wae nggawe nggumune wong akeh, klebu Kurmin,tangga cedhak omahe. Ana pitakonan gedhe kang tansah pencolotan ana njero sirahe Kurmin, kayadene banyu uyuh ing wengi atis kang tansah nuntut supaya dibuang, kaya ngono uga patrape pitakonan-pitakonan kuwi nuntut supaya enggal oleh wangsulan Pungkasane Kurmin ora kuwat ngempet maneh njur takon marang mbah Karjo ngapa dheweke nganthi mbuwang lan ngowahi dandanane kang kamangka wis dadi ciri khase sasuwene iki. Apa merga saka wangsit apa ana sabab liya.
"Min, saiki jagad wis banget owah. Wong-wong pada wedi marang kang wemane ireng. Kang ora klebu dening nalar uga saya akeh ditinggalake lan swarane Gusti wis diganthi dening gemrincing swara endahe picis," kanthi enteng simbah tuwa kuwi menehi wangsulan marang Kurmin.
"Lajeng Mbah, napa ginanipun piranti ingkang tansah nggubet gulu panjenengan menika?"
"Ah iki tho, Min. Takkandhani ning aja mbok omongake marang liyan ya. Mung digawe aksen wae, supaya dandanan luwih katon regeng-peni ngono Iho. Wong saiki kan senenge nemplekake sawemane piranti kang regane larang ana sarandhune awak, nadyan tho piranti mau ora miguna. Mung amprih katonbeda tinimbang wong liya, njangkepi dandanan supaya katonluwih merbawani ing ngarepe liyan, katonhiwih profesional ngono kandhane wong kutha," wangsulane simbah tuwa iki kanthi kairing ngguyu ngeklek njalari untu-untune kang wis ompong kuwi katon. Kurmin bisane mung miongo kaya kebo, kaget.
Lan rasa kaget kuwi tansaya matiket-tikel cacahe nalika una,anake Kurmin kang mbarep,lara lan kudu opname suwene rong dina ing klinike mbah Karjo. Kaya ngipi wae rasane, sakleplasan mata dhuwit asil panenan pari saka sawahe kang ambane mung sabagian kuwi kudu pindah tangan.
Asil panen kang diklumpukake saka sabare ngentheni sajroning telung wulan kanthi kanca sumelete surya lan asine kringet kang tumetes, dumadakan kudu musna. Katon banget ana praupane menawa dheweke owel ngeculake dhuwit ana gegemane kuwi.
"Mbah, kenging menapa ragad mertambanipun kok awis sanget?" takone Kurmin nalika arep nglunasi ragade mertambane anake.
"Eh Min, kowe kan ngerthi dhewe menawa ngelmuku kuwi ore takndhuweni sarana gampang. Dalan kang kudu takliwati kanggo nggayuh ngelmu kuwi banget mmpil lan abot, kudu nglakoni sawemane pasa, nepi ing panggonan-panggonan kang adhoh tan sepi, wis tho pokoke menggak sakabebing nikmat raga. Lan kuwi kabeh nglakonine suwene ora mung setaun rong taun wae, mataun-taun. Bisa mbok bayangake kaya ngapa rekasane, lan sepiro gedhene pangorbanan-pangorbanan kang kudu taktindakake, mung kanggo kadunungan ngelmu kuwi. Pangorbanan-pangorbanan kang kanggoku ora bisa diganthi dening dhuwit pira wae cacahe. Mula ragad mertamba kang kudu mbok bayar semono kuwi isih kepethung murah."
"Napa...nuwun sewu sakderenge Mbah, napa mboten saget dipun kirangi sekedhik tho Mbah? Dipun paring diskon ngaten, kula kan taksih klebet tanggi celak," Kurmin isih nyoba methung
"Eh Min, aku iki ora laku dagang, dudu wong dagang dadi ora periu ndhadhak nyang-nyangan kaya ngono kuwi. Lan kowe dhewe kudune ngerthi menawa saiki ana pranatan menawa dukun mbukak praktek kudu mbayar iuran marang Kumpukane dukun, kudu mbayar perijinan saka pemerintah, kena luran keamanan, kena pajek rena-rena lan maneka wema tarikan utawa sumbangan liyane. Jin-jin kang njalari lelara uga wiwit polah, nampik sajen lan uba-rampe kaya kang dipakemake karo wong-wong kuna mbiyen. Njaluke sajen lan uba-rampene saka barang kang apik, lagi dadi trend, ndhuweni merek kaloka lan mesthi wae regane larang. Lan maneh barang-barang kaya ngono kuwi ora bisa ditemokake ana pasar-pasar desa kudu menyang mall utawa plaza ing kutha-kutha gedhe, ngono kuwi apa ora dhuwit maneh kanggo lunga mrana. Njur kapan aku bisa mbalikake sakabehe pawitan kang taktokake kuwi menawa kabeh pasien njaluk diskon, kamangka aku uga kudu nyicil utang ing bank saben wulane," kandhane mbah Karjo karo swara radha dhuwur.
Kurmin bisane mung meneng; mung praupane wae kang katonbanget melas. Deleng praupane Si Kurmin kang kaya ngono, mbuh amarga mesakake utawa eneg, pungkasane mbah Karjo ngalah.
"Wis Min, ngene wae becike takwenehi kurangan nanging kudu mbok eling-eling menawa mung kanggo sa iki wae, liya dina ora ana diskon."
Larange ragad mertamba ing klinike mbah Karjo katone dadi sumber gnmdhelane warga desa, grundhelan kang maune mung mbengung ana waning-waning kopi ing sepine wengi, tansaya suwe tansaya sumebar menyang sawah-sawah, gerdhu-gerdhu jaga lan tambah gayeng lan rata ngebaki desa, nalika ceblok ing tengahe arisan ibu-ibu.
Grundhelan kang uga banget mirasa nalika kamamah ing pangucap amarga wis ditambah sawemaning bumbu lan panduga. Nganthi sawetara wong ing desa kuwi,kang lagi laku, ajar dadi dukun,uga mbengok-mbengok sora, kang isine sanyatane ragad kanggo mertamba ora larang, dadi larang dumadi saka akal-akalane mbah Karjo wae.
LSM-LSM saka njaba desa uga teka menehi panyurung lan nyengkuyung warga, ngramekake swasana. Rapat-rapat apadene klumpukan warga asring dienekake. Bawa-rasa saben dina asring keprungu ana ngendhi-ngendhi kayadene sega-jangan trumprape warga. Ana uga kang ngrancang uga mrayogakake supaya warga nganakake demonstrasi, ndemo larange ragad mertamba ing klinike mbah Karjo.
Emane...lelakon kaya ngono kuwi ora suwe, sakabeh greget kang kawitane makantar-kantar mau dumadakan ilang musna. Musna kaya didhelikake dening dhemit, anane mung sepi. Swasanane desa bali kaya sakawit, ora ana wong mbengak-mbengok, rapat apadene klumpukan, bawa-rasa apamaneh. Warung-warung dadi sepi. LSM-LSM uga pada lunga. Kabar kang sumebar ngandhakake menawa dhuwit bisa nyawijikake swara-swara kang kawitane bedha dadi pada, kang sora dadi lirih malah mingkem. Dhuwit uga dhuweni pangaribawa kang banget gedhe, nganthi ngalahake pamong utawa tokoh masyarakat lan ngulama, bisa ngrukunake wong-wong kang kawitane pada padudon.
Kaya sakawit uga Punjer Klinik dhuweke pamarintah ana kutha uga ora bisa dadi dewa kang menehi pitulungan marang manungsa. Ragad mertamba ing kana undha-undhi wae karo ragad mertamba ing klinik-klinik desa, bisa-bisa malah luwih larang. Kabare ing kana uga akeh wong lara kleleran, amarga sepi saka kemliwere para dukun lan asistene.
Klinik-klinik ngethokake ragad mertamba kang pada siji lan sijine. Pungkasane warga desa ora ndhuwe tolehan liya kanggo goiek tamba kepeksa menyang klinike mbah Karjo,gelem ora gelem, seneng apa ora,nadyan kanthi sangu ati kang dikebaki dening ukara alane-pisuhan lan panelangsan.
Sawijining dina sumebar pawarta liya kang ngandhakake menawa ana wong edan manggon ana prapatan pasar. Kabar kang ora dimangerteni sapa sing kawawitan nggawa lan saka ngendhi asale kuwi cepet banget nlusup-nlusup ana sajroning desa. Kabar kang uga ndhadhekake para warga gemrudug rame-rame kepengen deleng lan mbuktekake bener orane. Klebu Mardi kang isuk kuwi liwat sangarepe omahe Kurmin.
"Eh Di, arep menyang ngendhi?" takone Kurmin saka ngarepan omah.
"Anu...Min, arep deleng wong edan ana prapatan pasar. Akeh Iho wong teka mrono. Kowe rnelu pa piye?" takone Mardi.
Kurmin cepet-cepet godheg, menehi tandha menawa ora melu. Mardi njur nerusake lakune.
Kurmin ora mudheng apa karepe Mardi lan para warga desa liyane kang katone bungah bisa deleng wong edan ana prapatan pasar. Rasa nggumun kuwi tambah ndhadra nalika sesuk isuke dheweke ngertheni menawa saya akeh wong desa kang mara menyang prapalan pasar, gelem antri mung kanggo deleng wong edan. Ora lanang ora wadhon, mlarat utawa sugih, lara apa waras, enom-tuwa malah bocah-bocah cilik barang pada mrana.
Mbuh...apa karepe wong-wong kuwi mau. Pitakonan-pitakonan bali ngebaki sirahe. Kok kaya durung tau deleng wong edan wae lan maneh apa tho apike deleng wong edan? Apa wong-wong desa wis wiwit owah kabeh nalare amarga urip kang saya dina saya mundhak rekasa? Apa wong-wong kuwi rumangsa bungah nalika ketemu wong kang kaanggep pada sagolongan, pada-pada nandhang lara edan? Isih akeh maneh pikiran utawa pitakonan dolanan ana njero ati lan sirahe. Kang cetha Kurmin rumangsa disiksa dening rasa, kang ndhadhekake dheweke ora kuwat nrima njur melu iline wong, budhal menyang prapatan pasar.
Edan jan edan kae! Ora edan piye, ing prapatan pasar Kurmin bisa nemoni ana antrian dhawa kaya ula, wis Iho jan persis antri sembako murah utawa lenga patra kang asring digondhol dhemit kuwi. Wong-wong pada ngrubung wong edan,kang katone wis setengah tuwa,rambute nap-riapan, wan lan reged campur dadi siji. Sandangane kumel, suwek ana pirang-pirang panggonan lan aja mbok takokake ambune,dhuleg nujep irung. Esem aeng kerep katon ngrenggani pangucape lan uga ana swara-swara kang ora cetha apa karepe metu saka kana, jan kaya wong dleming ngana kae. Dheweke katone uga seneng banget lunjak-lunjak, kaya solahe buta-buta galak. Kadang ngiwa tros nengen, muter utawa mendhuwur walah aran ya wong edan dadi ya lumprah Sing ora lumprah ki wong-wong kang pada antri kuwi, kaya kelangan nalar waras wae, antri mung amprih kademek dening tangane wong edan kang reged lan katoncetha ana saperangan driji-dnjine sing ilang amarga dipangan pathek.
Umpama ora deleng dhewe mokal Kurmin percaya menawa ana wong kang crita sakabehe kadadeyan kuwi, kadadeyan kang sak iki nglewa ana ngarep mata. Dumadakan mripate Kurmin nemokake yu Dami,mbakyune,ana njoning antrian. Kurmin njur nyedhak.
"Yu, ngapa ana kene? Kok melu-melu dadi edan," Kurmin takon kanthi swara lirih.
"Melu edan gundhulmu kuwi. Takbelan-belani antri supaya aku bisa oleh berkah. Wong edan kuwi dudu pawongan sembarangan, dudu sakbaene wong. Dheweke kuwi dewa kang ngejawantah ana anggane manungsa.
Min . buktine wingi wae anake yu Srini kang wis pirang-pirang taun lumpuh dumadakan bisa waras, bisa miaku nalika sikile didemek dening tangane wong edan kuwi. Piye aku ora percaya?".
Kurmin mung ngowoh amarga digawe dolanan dening rasa, antaraning percaya utawa ora. Dheweke nalika kuwi dumadakan kelingan marang critane simbahe dhek biyen menawa wong edan kuwi wis rnlebu pasar ngalamat angel waras saka lara edane.
Nanging katone kayadene rasa, urip uga seneng banget nggawe dolanan dheweke. Kurmin ora dhuweni pilihan liya nalika Sri,anake kang nomer loro,dumadakan lara, awake panas banget. Kurmin bisane mung bingung, amarga ora ana dhuwit kanggo nambakake anake. Tangga-tanggane aweh rembug supaya Kurmin njaluk tulung marang wong edan ing prapalan pasar. Nanging Kurmin kuwi sawijining wong kang ora gampang percaya marang apa wae kejaba dheweke wis nglakoni dhewe. Kapercayan kang sasuwene iki tansah digegem rapet ana njroning gegeman tangane. Nanging pengkuhe kapercayaan kuwi wiwit ambrol nalika Sum,bojone,saben dina tansah nangis ora tegel nyawang anake,kang panas awake saya dina saya mundhak dhuwur.
Ora ana dalan liya kanggone Kurmin, dheweke njur mikir ora ana alane menawa nyoba sapa ngerthi jodho. Ora ana klerune dheweke nyoba ajar dadi edan tinimbang nganthi kelangan anak lan bojone, ngono batine nalika kuwi. Mula Sri njur digendong dijak miebu menyang njroning larikan, kerut ana njroning antrian dhawa ing prapatan pasar.
Mbuh... lagi beja, pancen jodho utawa ana babagan liya, nalika bathuke Sri didemek dening tangane wong edan kuwi, panas awak kang maune dhuwur alon-alon mudhun lan sirep. Kurmin bungah lan bisa mesem lega, mung wae nalika dheweke takon marang pawongan edan kuwi pira ragade mertamba ana kadadeyan kang banget ora kanyana. Dumadakan kaya kesetanen, wong edan kuwi ngamuk mbalangi Kurmin nganggo piranti apa wae kang ana sacedhake, saka pangucape metu swara-swara kang kenuecek rame nanging ya kuwi ora cetha karepe, dheweke uga lunjak-lunjak. Lagi bisa lerem nalika Kurmin ngadoh saka papan kuwi.
Saka kadadeyan kuwi Kurmin njur tuwuh rasa percaya menawa wong edan ing prapatan pasar kae pancen sanyatane edan ora gawe-gawe, ora ngedan kaya wong-wong saiki kang kegawa tuwane mnurjagad. Lha piye tho, apa anawong kang nalare waras ing jaman susah kaya sak iki nulak menawa diwenehi dhuwit, yen ora wong edan? Kabar saka tangga-tanggane uga ngandhakake menawa sandangan apadene panganan kang diwenehake sawetara warga desa marang wong edan kuwi uga ora didemek babar pisan. Yen ora edan apa arane?
Prapatan pasar saya regeng. Saiki akeh waning, bakul dolanan, penitipan sepedah anyar ngadeg ana kana. Pasar desa kang kawitan sepi bisa mundhak gedhe amarga anane wong edan kang jare titisan dewa. Warga desa liya uga pada teka saperlu mertamba utawa njaluk berkah. Amarga katone akeh kang jodho tur gratis, ora dikenani ragad, wong-wong kang teka mbanyu mili. Ekonomi desa kang kawitan sepi mulai tangi, digugahi dening wong edan kuwi. Lha....apa ora nggawe gawok ing atase wong edan wae bisa gawe majune ekonomi desa.
bersambung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar