Rabu, 08 Juni 2011

Edan -- Part 2



Nanging ukum jagad kang tekane rong paket kuwi uga ora bisa diselaki, menawa ana kang rumangsa bungah ana kang rumangsa susah, menawa saperangan warga rumangsa bathi ana kang rumangsa dimgekake. Amarga ananing wong edan ing prapatan pasar kuwi njalari klinik rawat inane mbah Karjo lan klinik ana sawetara desa liya dadi sepi. Mula mbah Karjo njur sowan lurah, klesak-klesik nggawe rancangan ala kanggo nyingkrihake wong edan kang ngganggu uripe klinik. Saka kang Kandar,tukang resik-resik ing kantor desa,kabar kuwi kawitan sumebar.

Krungu kabar kang kaya mangkono kuwi, Kurmin ora bisa meneng wae, amarga rumangsa tau kepothangan budi. Mula dheweke njur ngimpun para warga desa liyane kang uga tau ditulung dening waong edan intg prapatan pasar. Saben dina Kurmin kathon riwa-riwi, sanja marang siji mbaka siji omahe warga. Kurmin njur ada-ada nggawe rancangan tandingan. Save Our Crazy Man (Nyametno Wong Edan Kita). Rapat lan klumpukan diuripake maneh. Warung-warung kopi saben wengi dadi regeng dening ngrememeng, bawa-rasa utawa urun rembuge para warga.

Saka Kang Kandar uga,kang kapatah minangka telik sandi,keprungu kabar menawa. wong edan kuwi bakal disingkirake saka desa dina Senen Wage malem Slasa Kliwon udakara tabuh kasepuluh. Mula Kurmin njur ngenekake rapat gedhe ing omahe, nglumpukake sakabehe tangga kang sarujuk lan nyengkuyung karepe. Udakara ana wong seketan kang teka. Kawiwitan metune ngombe lanjajan kang prasaja,ngono wae saka dhuwit asil utangan,rapat dibukak.

"Dulur-dulur kabeh, awake dhewe kudhune bisa nyawiji wani njugarake rancangan ala antaraning lurah lan mbah Karjo kang arep nyingkirake wong kang dulur-dulur ngerthi dhewe gedhe labuhe marang warga desa. Wis nandur budi marang kite kabeh, wong kang sasuwene iki menehi pitulungan tenpa pamprih babar pisan. Kudune awake dhewe ngrumangsani kabeh kuwi, inhales becik tumindak kang becik kuwi klebu laku utama," kojahe Kurmin makantar-kantar mbukak rapat kanthi pidatone. Sing sajake sarujuk manthuk-manthuk, ana kang amem meneng wae maspadakake, malah saperangan ana kang teklak-tekluk nganthuk. Ing pojokan mburi malah uga ana kang malah ora maelu babar pisan karem manganjajan

"lya bener kuwi Min. Wis kabeh tindakmu bakal tak sengkuyung. Kepiye dulur-dulur ya sarujuk tho?" salah sijine warga mbengok sora.

Warga kang ditakoni ana sing wangsulan ana kang ora.

"Nanging kudhune dipethung kanthi matheng amarga sing diadepi kuwi, para wadyabalane lurah kang kabeh ngerthi dhewe saka bangsane wong-wong kasar, durjana. Kang karem marang padudon, culika, kejem lan kulina-trampil olah gegaman. Yen ora ati-ati bisa-bisa malah kita kabeh bisa cotho Iho," ana sawijining warga urun rembug.

Sawetara warga kathon mbenerake, padha manthuk-manthuk.

"Ora periu was sumelang dulur, awake dhewe iki mapan ana garise bebener. Lan maneh menang ing wilangan cacah dadi aja padha cilik ati, aja wedi menawa ora disarojuki dening Gusti. Babagan sanjate utawa gaman digawa wae piranti landhep kang diduweni dening dulur-dulur ing omah," Kurmin ngedhem-edhem atine warga.

Cekake, rapat terus lumaku kanthi rancag, ing sajroning urun rembug lumprah menawa ana kang sarujuk lan anakang nentang. Karan ya wong akeh, seje silit seje anggit. Kabeh pitakonan lan sanggahan bisa kajawab lan katrengake sarana gamblang dening Kurmin. Rancangan uga wis ditata tarik-tarik, tugas kabagi kanthi padha. Lan katetepno menawa dina Senen Wage malem Slasa Kliwon kabeh warga kang melu rapat sarujuk bakal teka menyang prapatan pasar ing tabuh kasanga, kanggo njaga wong edan kuwi supaya ora ana sapa wae wani nyingkrihno dheweke saka desa.

Senen bengi kanthi switer, senter lan gaman ing tangan Kurmin pamit bojone, kanggo budhal jaga. Kurmin niampir dhisik ing omahe Mardi, njur ngampiri Kang Kandar njur bebarengan nerusake laku menyang papan kang tinuju. mg papan kuwi isih sepi, mung ana warga loro kang wis teka. Kurmin njur andum rokok kanggo mateni wektu lan mbuwang adhem Wengi banget adhem, hawa adhem kang ora kepenek. Angin krasa banter nyampluk praupan, ngiris awak, lan ngadhul-adhul bledug ing dalanan. Yajenenge wae angin wulan-wulan pitu-wolu mesthi gedhene.

Kurmin njur nyawang menyang ngisor wit waru alas kang pengkuh ngadheg jejeg ing prapatan pasar. Wong edan kuwi kathon tuni kepathi ing ngisore wit waru alas. Turune tentrem kaya bayi wae, ora maalu menawa dalan uripe bakal nemoni pepalang Angkler banget kamangka mung lemekan lemah lan sandangane tipis sakanane, adhem lan bantere angin ore bisa ngganggu tunine. Bisa uga luwih kepenak uripe wong edan kuwi tinimbang dheweke, ora mikir abote sanggan urip lan ruwet donya, ngono pikire Kurmin nalika kuwi.

Wis ana sakjam Kurmin sakanca jaga ana papan kono. Swara tabuh kasepuluh keprungu, Kurmin ngerthi menawa swara kuwi asale saka iring kulon, kenthongane desa tangga. Mung wae sing teka jaga ing papan kono kok ora tambah, mung wong lima klebu dheweke. Apa wong-wong liyane padha lali? Apa njaluk dijujuli siji-siji? Apa amarga atis lan bantere hawa njalari wegah metu saka omah? Kaya adate sirahe Kurmin njur dikebaki pitakonan.

Emane, sadurunge pitakon-pitakonan kuwi nganthi kawetu ana pangucape dumadakan knmgu swara mobil saka kadhohan Ana mini-bus loro kang teka ing papan kuwi. Mandeg ing sacedhake Kurmin sakanca kang lagi jaga. Kurmin sakanca kaget nalika saka mobil kuwi mau mencolot mudhiin kanthi trengginas pawongan-pawongan kanthi sandangan sarwa ireng lan mung kathon mripate. Kurmin sakanca siaga, sikep gegaman. Mung emane gaman-gaman kuwi kandheg dening karep, lha piye ana udakara wong limalasan kang medhun njur ngepung Kurmin sakancane kanthi ngacungake sanjata api. Arepa budi kaya apa bakal kalah ing wilangan cacah. Nekat ya mesthine muspra, paling bejo bakal ketaton apes-apese tumpes, yen nganthi tumpes njur sapa kang bakal ngurusi anak-bojo kang lagi ngentheni ana omah?

Mula wong lima kuwi bisane mung pasrah. Lima saka wong limalas kang ngepung njur ngraket wong edan kang lagi turu kepathi ing ngisor wit waru alas. Nadyan budi ya kaya ngapa, wong edan kuwi panggah kalah rosa. Dheweke njur diglandang, dieret-eret munggah menyang salah sijine mini-bus. Semono uga wong-wong kang lagi ngepung Kurmin sakanca, nyusul munggah mobil.

Kedadeyan kuwi banget cepet, dumadi ora nganthi limalas menit suwene. Ora gantalan suwe mobil loro kuwi muni lan mung ninggalake keluk uga kemedhule bledug ana sakburine. Kurmin sakanca kaya-kaya kamitenggengen, bisane mung meneng, rnlongo nyawang keluk lan kemedhule bledug kang kagawa angin wengi.

Ing dhuwure wit waru alas, urip lan nasib ngguyu bareng, lakak-lakak.*

Kediri,3 0ktober 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar